ATUR
PURWAKA / PAMBUKA
Mahardikeng tyas
ring kamardikan ! ....... mugi-mugi lair lan batin kita mardika wonten ing salebeting negara ingkang
mardika ! Rahayu !
Tumrap para sutresna lan pandhemen basa Jawi, mugya jembar ing
pamengku bilih anggen kula kumawantun atur pasugatan awujud seratan bab kawruh
paramasastra Jawi punika namung kasurung krenteging manah inggih punika :
Sepisan, rumaos
handarbeni lan prihatos dhumateng basa Jawi ingkang sansaya kagerus kahanan global, utaminipun dhumateng lare-lare
lan nem-neman supados sampun ngantos sansaya tebih saking pangawikan lan tepa-tuladha
ingkang ngugemi pranatan basa Jawi ingkang samesthinipun. Mugi-mugi tulisan
puniki saget nyampedi kabetahan ing pamulangan kadosta ing sekolah-sekolah,
wiwit saking SD / MI, SLTP / MTs, ngantos SLTA / MA, kajumbuhaken kaliyan program
kurikulum ingkang lumampah.
Kaping kalih,
kinarya nuwuhaken raos tresna dhateng basa ibu inggih punika basa Jawi ingkang satuhu ngewrat
babagan sopan-santun, unggah-ungguh, subasita saha budi pekerti ingkang kajab
tumut nyithak generasi / panerus ingkang boten namung lantip (cerdas)
nalaripun nanging ugi sageta anggadhahi budi luhur. Jumbuh kaliyan pitutur
luhur saking Raden Pandji Sosrokartono, bilih nyinau basa Jawi punika satuhu
nyinau olah-raos.
Ugi mugya dados kauningan bilih contenth (isi) bog puniki tansah lumampah sakedhik mbaka sakedhik, tegesipun
tansah kula wewahi lan tambahi murih jangkeping saha sampurnaning pangawikan
tuwin seserepan ing reh paramasastra basa Jawi punapadene warta / kabar / berita [*Bhs Ind] bab thek kliweripun basa Jawi ing bebrayan
ageng wekdal samangke.
Ing wasana, kula minangka titah
sawantah ingkang boten luput saking kalepatan lan kekirangan, bokbilih
wonten klinta-klintunipun, mugi nglumunturna sih samodra pangaksama. Lan kula ugi ngantu-antu panyaruwe saha
pangudiayu para pamaos sutresna amrih jangkeping lan sampurnaning blog
puniki. Rahayu ! Nuwun.
Setyaji
Hartata - Swagotra Budaya
PIWULANG
KANGGO SD/ MI LAN SMP/ MTs
TEMBUNG
Tembung yaiku wedharing
karep sarana gunem kang adhapur / awujud sawanda utawa luwih sing wis mengku
teges. Wanda yaiku perangane tembung kang muni sakecap. Ana ing Bahasa Indonesia, tembung diarani kata, lan
basa diarani bahasa sarta wanda
diarani suku kata.
Basa yaiku guneman kang ukarane
dumadi saka tembung utawa tembung-tembung.
(
katrangan : gunem = bicara, ukara = kalimat [*Bhs
Ind]
).
Ana
ing Paramasastra (*tata bahasa),
tembung-tembung Basa Jawa bakune ana loro, yaiku ngoko lan krama. Lan
tembung-tembung krama dhewe uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil.
Krama lugu uga diarani krama lumrah. Murih cethane bisa karingkes kaya mangkene
:
Tembung
: 1. Tembung ngoko.
2. Tembung krama :
a. Tembung krama lugu/
lumrah.
b. Tembung krama inggil.
Tuladha tembung-tembung :
NGOKO KRAMA LUGU KRAMA INGGIL
(KRAMA
LUMRAH)
anak lare putra
kuping talingan pamireng
lara sakit gerah
lunga kesah tindak
mati pejah seda
mangan nedha dhahar
mlaku mlampah tindak
mata mripat paningal
turu tilem sare
slamet wilujeng sugeng
urip gesang sugeng
weruh sumerep pirsa
apik sae … (sae)
banter santer … (santer)
gedhe ageng … (ageng)
ijo ijem … (ijem)
kesel sayah … (sayah)
krungu miring … (mireng)
lemah siti … (siti)
loro kalih … (kalih)
maca maos … (maos)
atos … (atos) … (atos)
lugu … (lugu) … (lugu)
mardika … (mardika) … (mardika)
mringis … (mringis) … (mringis)
nata … (nata) … (nata)
resik … (resik) … (resik)
suci … (suci) … (suci)
lan
sapanunggalane (lsp).
I. DHAPUKANING TEMBUNG
A. TEMBUNG WOD
Tembung wod yaiku
asaling tembung, kang dhapure / wujude mung sakecapan. Ana ing Bahasa Indonesia
tembung wod diarani akar kata.
B. TEMBUNG LINGGA
Tembung lingga yaiku
tembung sing isih asli utawa durung owah saka asal tembunge. Ana ing Bahasa
Indonesia, tembung lingga diarani kata dasar. Ana saperangan tembung lingga kang dumadi saka tembung wod.
Tuladha
:
TEMBUNG
WOD TEMBUNG LINGGA
(akar kata [*Bhs Ind]) (kata dasar [*Bhs
Ind])
·
bot abot
·
cah bocah
·
doh adoh
·
gi agi
·
ri hari
·
jur ajur
·
lon alon
·
luk eluk
·
meh ameh
·
mung amung
·
ning wening
·
nung dunung
·
nyang menyang
·
pa apa
·
ra ora
·
rah dharah
·
rum arum
·
sat asat
·
tan datan
·
tus atus
·
ya iya
Tuladhane
tembung lingga (*kata dasar) :
·
abang, ajar, aku, akasa, ala, amba, ana,
anak, anu, aran, arep, asin, ati, lsp.
·
badan, bagya, bala, bangsa, basa, beda,
begja, bela, beya, bisa, bocor, buwang, lsp.
·
cacah, calon, catur, cedhak, cekel,
cepet, cepit, cilik, ciyut, cocog, crita, cuwil, lsp.
·
dadi, dana, darbe, darma, dawa, dewa,
demek, dhadha, dina, dite, dolan, doyan, lsp.
·
eling, elok, embat, emplok, empuk, encer,
endah, enjing, esem, ewu, ewuh, lsp.
·
gabah, gablog, gada, gedheg, getih, gitik,
glagah, glali, gludhug, golek, goreng, lsp.
C.
TEMBUNG ANDHAHAN
Tembung
andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Ana ing Bahasa Indonesia tembung andhahan diarani kata jadian. Tembung andhahan dumadi saka tembung
lingga (*kata dasar) kang oleh imbuhan arupa : ater-ater,
seselan, panambang, utawa rangkepan
saka antarane tetelune yaiku ater-ater, seselan, lan panambang.
Ana ing Bahasa Indonesia, ater-ater
diarani awalan, seselan diarani sisipan,
lan panambang diarani akhiran.
Murih
cethane, bisa kagambarake kaya ing ngisor iki :
Tembung Andhahan = Tembung Lingga + Imbuhan (ater-ater,
seselan, panambang).
Kata Jadian =
Kata Dasar + Imbuhan (awalan, sisipan, akhiran) [*Bhs Ind].
Perangane tembung andhahan (*kata jadian)
yaiku :
1. Tembung andhahan mawa ater-ater.
Ater-ater
(*awalan) yaiku imbuhan kang mapan ana ing sangareping tembung lingga (*kata dasar).
Kang kalebu ater-ater (*awalan)
yaiku : a-, ma-, dak-, kok-, di-, ka-, ke-, dipun-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-,
sa-.
Ana saperangan tembung andhahan kang
dumadi saka tembung lingga (*kata dasar) kang oleh imbuhan tanpa hanuswara lan ana
saperangan kang kanthi hanuswara.
Hanuswara yaiku swara irung (*suara hidung / bunyi sengau).
a. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang tanpa hanuswara :
(*Kata jadian berawalan
a- yang tanpa suara hidung [*Bhs
Ind])
:
i. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang tumempel
sangareping tembung lingga.
(kata jadian dengan awalan a- yang menempel
didepan kata dasar [*Bhs Ind])
Tuladha :
· Petruk
lan Bagong adu jago.
( tembung andhahan adu, linggane du).
· Kurawa
acacah satus.
(tembung andhahan acacah, linggane cacah).
· Ibu
adang sega.
(tembung andhahan adang, linggane dang).
ii. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang manunggal
karo tembung lingga sing apurwa i utawa u (tanpa hanuswara), swara i utawa u banjur luluh dadi e utawa o.
(*kata jadian yang awalan a-nya menyatu dengan kata dasar yang diawali i atau
u (tanpa suara hidung / bunyi sengau), bunyi
vokal i atau u kemudian luluh menjadi
e atau o [*Bhs
Ind]).
Tuladha :
· Siswa
sekolah kudu tansah eling marang
wajibe sinau.
(a + iling = eling).
· Sega
liwet enak rasane.
(a + inak = enak).
· Murid-murid
mlebu sekolah jam 7.00 esuk.
(a + isuk = esuk).
· Gajah
kuwi nadyan disurung wong lima tetep ora obah.
(a + ubah = obah).
· Pathok-pathok
sawahe wis padha ogak.
(a + ugak = ogak).
· Watu-watu iki kanggo ompak cagak omah.
(a + umpak = ompak).
· Sawise
dipaku, pager kuwi wis ora owal meneh.
(a + uwal = owal).
b. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kanthi hanuswara :
(*Kata jadian yang berawalan a- dengan suara hidung [*Bhs
Ind])
:
Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang dikantheni hanuswara, ater-ater a- banjur owah dadi am-
(ham-), an- (han-), ang- (hang-), any- (hany-), kang kaprahe banjur dadi m-, n-,
ng-, ny- yaiku kang unine diarani swara irung.
(*Kata jadian yang berawalan a- yang disertai bunyi hidung, awalan a- kemudian berubah menjadi am- (ham-), an- (han-),
ang- (hang-), any- (hany-), yang umumnya lalu menjadi m-, n-,
ng-, ny- yaitu yang bunyinya disebut suara hidung [*Bhs
Ind]).
i. Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa p, swara p banjur luluh dadi m.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan
berbunyi hidung m- + kata dasar yang diawali p, bunyi konsonan p kemudian
luluh menjadi m [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Pak
tani macul ana ing sawah.
(tembung andhahan macul, linggane pacul).
· Kucing
mangan tikus.
(tembung andhahan mangan, linggane pangan).
· Suradi
menek wit klapa.
(tembung andhahan menek, linggane penek).
· Ani
methik kembang mlathi.
(tembung andhahan methik, linggane pethik).
· Budi
milih buku basa Jawa.
(tembung andhahan milih, linggane pilih).
ii. Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa w, swara w banjur luluh dadi m.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung m- + kata dasar
yang diawali w, bunyi konsonan w kemudian luluh menjadi m [*Bhs
Ind]).
Tuladha :
· Ibu
malik tempe sing lagi digoreng.
(tembung andhahan malik, linggane walik).
· Pak
tani nembe matun pari ana ing sawah.
(tembung andhahan matun, linggane watun).
· Ki
dhalang mayang sewengi natas.
(tembung andhahan mayang, linggane wayang).
· Kucing
kae metu saka omahmu.
(tembung andhahan metu, linggane wetu).
· Masakane
ibu pancen mirasa.
(tembung andhahan mirasa, linggane wirasa).
· Ibu
mungkus sega goreng.
(tembung andhahan mungkus, linggane wungkus).
iii. Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa b, swara m banjur manunggal dadi
satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung m- + kata dasar
yang diawali b, bunyi konsonan m kemudian menyatu menjadi satu kata dengan cara
menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Ibu
mbacem tahu lan tempe.
(tembung andhahan mbacem, linggane bacem).
· Warga
desa gotong-royong mbangun jembatan.
(tembung andhahan mbangun, linggane bangun).
· Bapak
mbayar tagihan listrik ana ing kantor
pos.
(tembung andhahan mbayar, linggane bayar).
· Pak
tani mbedhol wit tela.
(tembung andhahan mbedhol, linggane bedhol).
· Atlit
bulutangkis Indonesia mboyong piala
Thomas.
(tembung andhahan mboyong, linggane boyong).
iv. Tembung andhahan kang dumadi
saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa t, swara
t banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan
berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali t, bunyi konsonan t kemudian
luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Budi
nembe nata buku.
(tembung andhahan nata, linggane tata).
· Nyi
sindhen nembang macapat.
(tembung andhahan nembang, linggane tembang).
· Petruk
nemu dhuwit ana ing dalan.
(tembung andhahan nemu, linggane temu).
· Ani
nulis geguritan ana ing buku.
(tembung andhahan nulis, linggane tulis).
· Hadi
numpak sepur maring Jakarta.
(tembung andhahan numpak, linggane tumpak).
v.
Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater
hanuswara n- + tembung lingga
sing apurwa th, swara th banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan
berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali th, bunyi konsonan th kemudian
luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Pak
tukang nethel pager sing rusak.
(tembung andhahan nethel, linggane thethel).
· Iwak
kuwi nithil pangane.
(tembung andhahan nithil, linggane thithil).
· Pitik
jago nothol pitik babon.
(tembung andhahan nothol, linggane thothol).
· Sawetara
nggone nyilem, sirahe banjur nongol.
(tembung andhahan nongol, linggane thongol).
· Niyaga
kuwi nuthuk gong.
(tembung andhahan nuthuk, linggane thuthuk).
vi.
Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater
hanuswara n- + tembung lingga
sing apurwa s, swara s banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan
berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali s, bunyi konsonan s kemudian
luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Aja
tumindak nasar !
(tembung andhahan nasar, linggane sasar).
· Tawon
nesep sarining kembang.
(tembung andhahan nesep, linggane sesep).
· Banyak
kuwi nosor dhedhak ing tlapak
tanganku.
(tembung andhahan nosor, linggane sosor).
· Bebasan
kebo nusu gudel.
(tembung andhahan nusu, linggane susu).
· Manuk
dara nusuh ana ing pagupon.
(tembung andhahan nusuh, linggane susuh).
vii. Tembung andhahan kang dumadi
saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa d, swara
n banjur manunggal dadi satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane
mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar
yang diawali d, bunyi konsonan n kemudian menyatu menjadi satu kata dengan cara
menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Sinau
olah rasa ngadohake sipat ndableg.
(tembung andhahan ndableg, linggane dableg).
· Sawise
sinau bocah-bocah padha ndelok tv.
(tembung andhahan ndelok, linggane delok).
· Saking
gumune nganti ndomblong olehe
nyawang.
(tembung andhahan ndomblong, linggane domblong).
· Bagong
kejlungup nganti ndower lambene.
(tembung andhahan ndower, linggane dower).
· Isi
critane film kuwi ndudut ati.
(tembung andhahan ndudut, linggane dudut).
viii.Tembung andhahan kang dumadi
saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa d, swara
n banjur manunggal dadi satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane
mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar
yang diawali dh, bunyi konsonan n kemudian menyatu menjadi satu kata dengan
cara menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Tangane
ndhaplang ngandheg lakuku.
(tembung andhahan ndhaplang, linggane dhaplang).
· Ibu
ndheplok kacang brol nganggo alu
lumpang.
(tembung andhahan ndheplok, linggane dheplok).
· Macan
kuwi sawise mangan banjur ndhekem.
(tembung andhahan ndhekem, linggane dhekem).
· Dhayohe
ndhodhog lawang.
(tembung andhahan ndhodhog, linggane dhodhog).
· Tukang
batu kuwi ndudhuk lemah.
(tembung andhahan ndhudhuk, linggane dhudhuk).
ix.
Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater
hanuswara ng- + tembung lingga
sing apurwa k, swara k banjur luluh dadi ng.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan
berbunyi hidung ng- + kata dasar yang diawali k, bunyi konsonan k kemudian
luluh menjadi ng [*Bhs Ind]).
Tuladha :
· Pitik
babon bakal ngabruk yen kuthuke
dicekel.
(tembung andhahan ngabruk, linggane kabruk).
· Woh jeruk ngandhut
vitamin c.
(tembung andhahan ngandhut, linggane kandhut).
· Ki
Narto Sabdho uga sigrak anggone ngendhang.
(tembung andhahan ngendhang, linggane kendhang).
· Cemeng-cemeng
kae padha nginthil lakune kucing.
(tembung andhahan nginthil, linggane kinthil).
· Bocah-bocah
padha ngumpul ana ing alun-alun.
(tembung andhahan ngumpul, linggane kumpul).
UNGGAH-UNGGUH BASA
Unggah-ungguh basa yaiku undha-usuking
basa utawa trap-trapaning basa. Ing kasunyatan padinan, unggah-ungguh basa Jawa
ana pirang-pirang perangan, nanging mligi kanggo wulangan bocah-bocah SD/ MI
lan SMP/ MTs ing blog iki, kang
kajumbuhake marang Paramasastra Jawa, kurikulum
lan buku-buku pelajaran Basa Jawa
kang kanggo ana ing sekolah-sekolah, cukup kawedharake unggah-ungguh Basa Jawa
kang bakune ana 2 (rong) perangan, yaiku : basa ngoko
lan basa krama.
Basa ngoko kaperang dadi 2 (loro) yaiku : ngoko
lugu lan ngoko alus. Basa krama uga
ana 2 (loro) perangane yaiku basa krama
lugu lan basa krama inggil. Murih
cethane bisa kasemak ana
ing andharan
ngisor iki :
I. Basa ngoko
Basa ngoko perangane ana
2 (loro) :
A. Basa ngoko lugu
Basa ngoko lugu utawa kang uga sinebut basa ngoko lumrah, kerep diarani basa ngoko.
B. Basa ngoko alus
II.
Basa
krama
Basa krama ana 2 (loro) :
A. Basa krama lugu
Basa krama lugu utawa kang uga sinebut basa krama lumrah, kerep diarani basa krama.
B. Basa krama inggil.
Ana sebageyan para
winasis kang milah basa krama uga dadi 2 (rong) perangan nanging beda
panyebute, yaiku : basa krama lugu
lan basa krama alus. Basa krama alus
yaiku basa kang dumadi saka basa krama
utawa krama lugu kang dikantheni
(dicampur karo) tembung-tembung krama
inggil amrih luwih ngurmati marang wong kang dijak guneman utawa wong kang
dicritakake.
Murih gamblange kababar ana ing
ngisor iki :
I. Basa Ngoko
A. Basa ngoko
lugu utawa basa ngoko lumrah kang
kerep sinebut basa ngoko, yaiku guneman kanthi migunakake tembung-tembung ngoko. Basa
ngoko digunakake
menawa :
1.
Sing guneman lan sing dijak guneman sadrajad tur raket-supeket (akrab) pasrawungane.
Lumrahe digunakake dening bocah-bocah, kanca-kanca, utawa wong-wong kang
saumuran (meh padha umure).
2.
Sing guneman luwih dhuwur drajade, upamane luwih dhuwur pangkate, priyayi,
utawa luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman.
3.
Pinuju crita awujud andharan.
4.
Pinuju ngunandika utawa ngudarasa, yaiku ngomong karo awake dhewe.
Tuladha ukara ngoko :
-
Anton lunga
Jakarta.
- Budi
mangan bakso.
- Wit iki gedhe
banget.
-
Bocah kae nakal
banget.
- Kowe
duwe dhuwit pira ?
- Aku arep lunga Jakarta.
B. Basa ngoko
alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang dumadi saka
basa ngoko kang dikantheni (dicampur
karo) tembung-tembung krama inggil saperlu
ngurmati marang wong kang dijak guneman utawa wong kang dicritakake. Basa ngoko
alus digunakakae menawa :
a.
Sing dijak guneman drajade luwih dhuwur, upamane pangkat utawa luwih tuwa
nanging raket-supeket pasrawungane, saperlu luwih ngurmati.
b.
Pinuju nyritakake wong kang drajade luwih dhuwur, upamane pangkat lan utawa
luwih tuwa, saperlu ngurmati.
Tuladha guneman kanthi basa ngoko
alus :
- “Kangmas mau awan gendikane arep tindak
mrene, nanging penjenengan kok nembe rawuh saiki”.
- “Mau awan aku diutus ibu supaya mundhutake
obat menyang apotik kagem Bapak kang
nembe gerah”.
II.
Basa Krama
A.
Basa krama lugu utawa krama lumrah, kang uga kerep sinebut
basa krama yaiku guneman kanthi
migunakake tembung-tembung krama lugu. Basa krama lugu utawa basa krama
digunakake menawa :
1.
Sing guneman lan sing dijak guneman sadrajad nanging durung raket-supeket
pasrawungane, bisa uga durung tau tepung utawa durung kenal, saperlu ngurmati marang
wong sing dijak guneman.
2.
Sing guneman luwih dhuwur drajade upamane priyayi utawa luwih dhuwur pangkate
tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak guneman luwih pantes lan wajib
dikurmati, upamane luwih tuwa utawa dituwakake.
3.
Sing guneman luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak
guneman luwih dhuwur drajade utawa pantes dikurmati, upamane luwih dhuwur
pangkate, utawa priyayi.
4. Pinuju ngandharake/ nyritakake wong kang rada
dhuwur drajade utawa umure nanging kaceke ora adoh banget.
Tuladha
ukara krama lugu / krama :
- Wilujeng dhatengipun wonten ing kitha
Semarang ngriki !
- Mas Budi kesah Jakarta.
- Kula badhe nedha rumiyin.
- Mbak Ani tilem wonten ing griya
B. Basa
krama inggil yaiku guneman kanthi migunakake tembung-tembung krama inggil.
Basa krama inggil digunakake menawa :
1.
Sing guneman durung tau tepung utawa durung kenal karo sing dijak guneman. Lan
sing dijak guneman mau katone luwih dhuwur drajade utawa luwih tuwa.
2.
Sing dijak guneman cetha yen luwih dhuwur drajade upamane priyayi, dhuwur
pangkate, utawa luwih tuwa kang pantes utawa wajib dikurmati.
3. Pinuju ngandharake/ nyritakake wong kang
luwih dhuwur drajade utawa umure.
Tuladha
ukara krama inggil :
- Sugeng rawuhipun panjenengan wonten ing
kitha Semarang ngriki !
- Bapak tindak Jakarta.
- Mangga menawi panjenengan badhe dhahar
rumiyin !
- Ibu sare wonten ing dalem
PIWULANG
KANGGO KELAS VII (SMP/MTs) :
WACAN
:
JUMEBLUGE GUNUNG KELUD
Gunung Kelud njeblug kang pungkasan
nalika tanggal 13 (telulas) sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas), kang nandhang
kacintrakan (dadi kurban) udakara (kurang-luwih) ana 24 (patlikur) warga lan kira-kira cacah 100.248 (satus ewu rongatus patangpuluh wolu) warga kapeksa padha ngungsi.
Nalika status (biwara pepeling) siaga ngancik dadi awas,
para warga wiwit diungsekake menyang desa kang adohe 5 (limang) km saka kawah.
Lan nalikane kawah Gunung Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik,
para warga banjur diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh)
km saka kawah amarga miturut badan kang arane Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan
Bencana Geologi (PVMBG) dohing 10 km mau aman saka lahar lan awu vulkanik kelud
kang nalika muncrat dhuwure bisa nganti kurang-luwih 17 (pitulas) km.
I. GLADHEN GUNEMAN MAWA BASA NGOKO
A.
Budi pitakonan (tanya-jawab) karo Ani, kancane sakelas, bab jumebluge gunung
Kelud mawa basa ngoko
1.
Budi : “Gunung sing lagi njeblug kuwi jenenge apa ?”.
Ani :
“Gunung sing lagi njeblug kuwi jenenge gunung Kelud”.
2. Budi : “Kapan olehe njeblug ?”.
Ani : “Nalika tanggal 13 (telulas)
sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas)”.
3. Budi : “Sapa sing mrayogakake supaya padha
ngungsi ana ing jarak 10 (sepuluh) km saka kawah ?
Ani : “Sing mrayogakake yaiku badan kang arane
Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG)”.
4. Budi : “Ana ngendi (ing endi) papan
dununge gunung Kelud kuwi ?”.
Ani
: “Ana ing tlatah Jawa Timur”.
5. Budi : “Kepriye carane ngamanake para warga
kang manggon ana ing desa sacedhake ereng-ereng gunung ?”
Ani : “Carane kanthi ngosongake desa. Para warga
wiwit diungsekake menyang desa kang adohe limang km saka kawah gunung nalika status siaga ngancik dadi status awas. Lan nalikane kawah gunung
Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik, para warga banjur
diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh) km saka
kawah gunung”.
II. GLADHEN
GUNEMAN MAWA BASA NGOKO LAN BASA KRAMA INGGIL
A. Budi pitakon marang Pak Guru mawa basa krama
inggil, banjur Pak Guru mangsuli mawa basa ngoko :
1. Budi : “Redi ingkang nembe njeblug punika redi
punapa ?”.
Pak Guru :
“Gunung sing lagi njeblug kuwi gunung Kelud”.
2. Budi : “Rikala punapa anggenipun njeblug
?”.
Pak Guru : “Nalika tanggal 13 (telulas)
sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas)”.
3. Budi : “Sinten ingkang mrayogekaken supados
sami ngungsi wonten ing katebihan 10
(sedasa) km saking kawah ?”.
Pak Guru
: “Sing mrayogakake yaiku badan kang arane Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG)”.
4. Budi : “Wonten ing pundi papan dunungipun redi
Kelud punika ?”.
Pak Guru
: “Ana ing tlatah Jawa Timur”.
5. Budi : “Kados pundi caranipun ngamanaken
para warga ingkang manggen wonten ing desa sakcelakipun ereng-ereng redi ?
Pak Guru
: “Carane kanthi ngosongake desa. Para
warga wiwit diungsekake menyang desa kang adohe limang km saka kawah gunung
nalika status siaga ngancik dadi status awas. Lan nalikane kawah gunung
Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik, para warga banjur
diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh) km saka
kawah gunung”.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar