Kamis, 07 Mei 2015



ATUR PURWAKA / PAMBUKA

       Mahardikeng tyas ring kamardikan ! ....... mugi-mugi lair lan batin kita mardika wonten ing salebeting negara ingkang mardika ! Rahayu !

       Tumrap para sutresna lan pandhemen basa Jawi, mugya jembar ing pamengku bilih anggen kula kumawantun atur pasugatan awujud seratan bab kawruh paramasastra Jawi punika namung kasurung krenteging manah inggih punika :
Sepisan, rumaos handarbeni lan prihatos dhumateng basa Jawi ingkang sansaya kagerus kahanan global, utaminipun dhumateng lare-lare lan nem-neman supados sampun ngantos sansaya tebih saking pangawikan lan tepa-tuladha ingkang ngugemi pranatan basa Jawi ingkang samesthinipun. Mugi-mugi tulisan puniki saget nyampedi kabetahan ing pamulangan kadosta ing sekolah-sekolah, wiwit saking SD / MI, SLTP / MTs, ngantos SLTA / MA, kajumbuhaken kaliyan program kurikulum ingkang lumampah.
Kaping kalih, kinarya nuwuhaken raos tresna dhateng basa ibu inggih punika basa Jawi ingkang satuhu ngewrat babagan sopan-santun, unggah-ungguh, subasita saha budi pekerti ingkang kajab tumut nyithak generasi / panerus ingkang boten namung lantip (cerdas) nalaripun nanging ugi sageta anggadhahi budi luhur. Jumbuh kaliyan pitutur luhur saking Raden Pandji Sosrokartono, bilih nyinau basa Jawi punika satuhu nyinau olah-raos.

        Ugi mugya dados kauningan bilih contenth (isi) bog puniki tansah lumampah sakedhik mbaka sakedhik, tegesipun tansah kula wewahi lan tambahi murih jangkeping saha sampurnaning pangawikan tuwin seserepan ing reh paramasastra basa Jawi punapadene warta / kabar / berita [*Bhs Ind] bab thek kliweripun basa Jawi ing bebrayan ageng wekdal samangke.

        Ing wasana, kula minangka titah sawantah ingkang boten luput saking kalepatan lan kekirangan,  bokbilih wonten klinta-klintunipun, mugi nglumunturna sih samodra pangaksama. Lan kula ugi ngantu-antu panyaruwe saha pangudiayu para pamaos sutresna amrih jangkeping lan sampurnaning blog puniki. Rahayu ! Nuwun.


                                                                                    Setyaji Hartata -  Swagotra Budaya
                                                                                    setyajihartata@gmail.com



PIWULANG KANGGO SD/ MI LAN SMP/ MTs


TEMBUNG

          Tembung yaiku wedharing karep sarana gunem kang adhapur / awujud sawanda utawa luwih sing wis mengku teges. Wanda yaiku perangane tembung kang muni sakecap. Ana ing Bahasa Indonesia, tembung diarani kata, lan basa diarani bahasa sarta wanda diarani suku kata.

            Basa yaiku guneman kang ukarane dumadi saka tembung utawa tembung-tembung.
( katrangan : gunem = bicara, ukara = kalimat [*Bhs Ind] ).
Ana ing Paramasastra (*tata bahasa), tembung-tembung Basa Jawa bakune ana loro, yaiku ngoko lan krama. Lan tembung-tembung krama dhewe uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil. Krama lugu uga diarani krama lumrah. Murih cethane bisa karingkes kaya mangkene :
Tembung :  1. Tembung ngoko.
                   2. Tembung krama :
                        a. Tembung krama lugu/ lumrah.
                        b. Tembung krama inggil.
                                                                                                                                                                
            Tuladha tembung-tembung :
NGOKO            KRAMA LUGU          KRAMA INGGIL
                (KRAMA LUMRAH)

anak                 lare                  putra
kuping             talingan           pamireng
lara                  sakit                 gerah
lunga               kesah               tindak
mati                 pejah                seda
mangan            nedha              dhahar
mlaku              mlampah          tindak
mata                mripat              paningal
turu                  tilem                sare
slamet              wilujeng          sugeng
urip                  gesang             sugeng
weruh              sumerep           pirsa

apik                 sae                   … (sae)
banter              santer               … (santer)
gedhe              ageng               … (ageng)
ijo                    ijem                 … (ijem)
kesel                sayah               … (sayah)
krungu             miring              … (mireng)
lemah               siti                   … (siti)
loro                  kalih                … (kalih)
maca                maos                … (maos)

atos                  … (atos)          … (atos)
lugu                 … (lugu)          … (lugu)
mardika           … (mardika)    … (mardika)
mringis            … (mringis)     … (mringis)
nata                 … (nata)          … (nata)
resik                 … (resik)         … (resik)
suci                  … (suci)          … (suci)

lan sapanunggalane (lsp).


I. DHAPUKANING TEMBUNG

A. TEMBUNG WOD
     Tembung wod yaiku asaling tembung, kang dhapure / wujude mung sakecapan. Ana ing Bahasa Indonesia tembung wod diarani akar kata.

    B. TEMBUNG LINGGA
   Tembung lingga yaiku tembung sing isih asli utawa durung owah saka asal tembunge. Ana ing Bahasa Indonesia, tembung lingga diarani kata dasar. Ana saperangan tembung lingga kang dumadi saka tembung wod.

Tuladha :
TEMBUNG WOD                TEMBUNG LINGGA
(akar kata [*Bhs Ind])    (kata dasar [*Bhs Ind])
·         bot                            abot
·         cah                            bocah
·         doh                           adoh
·         gi                              agi
·         ri                               hari
·         jur                             ajur
·         lon                            alon
·         luk                            eluk
·         meh                          ameh
·         mung                        amung
·         ning                          wening
·         nung                         dunung
·         nyang                        menyang
·         pa                             apa
·         ra                              ora
·         rah                            dharah
·         rum                           arum
·         sat                             asat
·         tan                            datan
·         tus                            atus
·         ya                             iya                              

Tuladhane tembung lingga (*kata dasar) :
·         abang, ajar, aku, akasa, ala, amba, ana, anak, anu, aran,  arep, asin, ati, lsp.
·         badan, bagya, bala, bangsa, basa, beda, begja, bela, beya, bisa, bocor, buwang, lsp.
·         cacah, calon, catur, cedhak, cekel, cepet, cepit, cilik, ciyut, cocog, crita, cuwil, lsp.
·         dadi, dana, darbe, darma, dawa, dewa, demek, dhadha, dina, dite, dolan, doyan, lsp.
·         eling, elok, embat, emplok, empuk, encer, endah, enjing, esem, ewu, ewuh, lsp.
·         gabah, gablog, gada, gedheg, getih, gitik, glagah, glali, gludhug, golek, goreng, lsp.

C. TEMBUNG ANDHAHAN   
   Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Ana ing Bahasa Indonesia tembung andhahan diarani kata jadian. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga (*kata dasar) kang oleh imbuhan arupa : ater-ater, seselan, panambang, utawa rangkepan saka antarane tetelune yaiku ater-ater, seselan, lan panambang. Ana ing Bahasa Indonesia, ater-ater diarani awalan, seselan diarani sisipan, lan panambang diarani akhiran.
  
   Murih cethane, bisa kagambarake kaya ing ngisor iki :
Tembung Andhahan = Tembung Lingga + Imbuhan (ater-ater, seselan, panambang).
Kata Jadian = Kata Dasar + Imbuhan (awalan, sisipan, akhiran)      [*Bhs Ind].

   Perangane tembung andhahan (*kata jadian) yaiku :  
1. Tembung andhahan mawa ater-ater.
Ater-ater (*awalan) yaiku imbuhan kang mapan ana ing sangareping tembung lingga (*kata dasar).
Kang kalebu ater-ater (*awalan) yaiku : a-, ma-, dak-, kok-, di-, ka-, ke-, dipun-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-, sa-.
Ana saperangan tembung andhahan kang dumadi saka tembung lingga (*kata dasar) kang oleh imbuhan tanpa hanuswara lan ana saperangan kang kanthi hanuswara.
Hanuswara yaiku swara irung (*suara hidung / bunyi sengau).
a. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang tanpa hanuswara :
(*Kata jadian berawalan a- yang tanpa suara hidung [*Bhs Ind]) :
i.    Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang tumempel sangareping tembung lingga.
(kata jadian dengan awalan a- yang menempel didepan kata dasar [*Bhs Ind])
 Tuladha :
·      Petruk lan Bagong adu jago.
( tembung andhahan adu, linggane du).
·      Kurawa acacah satus.
(tembung andhahan acacah, linggane cacah).
·      Ibu adang sega.
(tembung andhahan adang, linggane dang).
ii.  Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang manunggal karo tembung lingga sing apurwa i utawa u (tanpa hanuswara), swara i utawa u banjur luluh dadi e utawa o.
(*kata jadian yang awalan a-nya menyatu dengan kata dasar yang diawali i atau u (tanpa suara hidung  / bunyi sengau), bunyi vokal i atau u kemudian luluh menjadi e atau o [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Siswa sekolah kudu tansah eling marang wajibe sinau.
(a + iling = eling).
·      Sega liwet enak rasane.
(a + inak = enak).
·      Murid-murid mlebu sekolah jam 7.00 esuk.
(a + isuk = esuk).
·      Gajah kuwi nadyan disurung wong lima tetep ora obah.
(a + ubah = obah).   
·      Pathok-pathok sawahe wis padha ogak.
(a + ugak = ogak).   
·       Watu-watu iki kanggo ompak cagak omah.
(a + umpak = ompak).   
·      Sawise dipaku, pager kuwi wis ora owal meneh.
 (a + uwal = owal).

b. Tembung andhahan mawa ater-ater a- kanthi hanuswara :
(*Kata jadian yang berawalan a- dengan suara hidung [*Bhs Ind]) :
Tembung andhahan mawa ater-ater a- kang dikantheni hanuswara, ater-ater a- banjur owah dadi am- (ham-), an- (han-), ang- (hang-), any- (hany-), kang kaprahe banjur dadi m-, n-, ng-, ny- yaiku kang unine diarani swara irung.
(*Kata jadian yang berawalan a- yang disertai bunyi hidung, awalan a- kemudian berubah menjadi am- (ham-), an- (han-), ang- (hang-), any- (hany-), yang umumnya lalu menjadi m-, n-, ng-, ny- yaitu yang bunyinya disebut suara hidung [*Bhs Ind]).
i.    Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa p, swara p banjur luluh dadi m.
(*Kata jadian yang berasal dari  : awalan berbunyi hidung m- + kata dasar yang diawali p, bunyi konsonan p kemudian luluh menjadi m [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Pak tani macul ana ing sawah.
(tembung andhahan macul, linggane pacul).
·      Kucing mangan tikus.
(tembung andhahan mangan, linggane pangan).
·      Suradi menek wit klapa.
(tembung andhahan menek, linggane penek).
·      Ani methik kembang mlathi.
(tembung andhahan methik, linggane pethik).
·      Budi milih buku basa Jawa.
(tembung andhahan milih, linggane pilih).
ii.   Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa w, swara w banjur luluh dadi m.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung m- + kata dasar yang diawali w, bunyi konsonan w kemudian luluh menjadi m [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Ibu malik tempe sing lagi digoreng.
(tembung andhahan malik, linggane walik).
·      Pak tani nembe matun pari ana ing sawah.
(tembung andhahan matun, linggane watun).
·      Ki dhalang mayang sewengi natas.
(tembung andhahan mayang, linggane wayang).
·      Kucing kae metu saka omahmu.
(tembung andhahan metu, linggane wetu).
·      Masakane ibu pancen mirasa.
(tembung andhahan mirasa, linggane wirasa).
·      Ibu mungkus sega goreng.
(tembung andhahan mungkus, linggane wungkus).
iii.  Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara m- + tembung lingga sing apurwa b, swara m banjur manunggal dadi satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung m- + kata dasar yang diawali b, bunyi konsonan m kemudian menyatu menjadi satu kata dengan cara menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Ibu mbacem tahu lan tempe.
(tembung andhahan mbacem, linggane bacem).
·      Warga desa gotong-royong mbangun jembatan.
(tembung andhahan mbangun, linggane bangun).
·      Bapak mbayar tagihan listrik ana ing kantor pos.
(tembung andhahan mbayar, linggane bayar).
·      Pak tani mbedhol wit tela.
(tembung andhahan mbedhol, linggane bedhol).
·      Atlit bulutangkis Indonesia mboyong piala Thomas.
(tembung andhahan mboyong, linggane boyong).
iv. Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa t, swara t banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari  : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali t, bunyi konsonan t kemudian luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Budi nembe nata buku.
(tembung andhahan nata, linggane tata).
·      Nyi sindhen nembang macapat.
(tembung andhahan nembang, linggane tembang).
·      Petruk nemu dhuwit ana ing dalan.
(tembung andhahan nemu, linggane temu).
·      Ani nulis geguritan ana ing buku.
(tembung andhahan nulis, linggane tulis).
·      Hadi numpak sepur maring Jakarta.
(tembung andhahan numpak, linggane tumpak).
v.   Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa th, swara th banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari  : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali th, bunyi konsonan th kemudian luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Pak tukang nethel pager sing rusak.
(tembung andhahan nethel, linggane thethel).
·      Iwak kuwi nithil pangane.
(tembung andhahan nithil, linggane thithil).
·      Pitik jago nothol pitik babon.
(tembung andhahan nothol, linggane thothol).
·      Sawetara nggone nyilem, sirahe banjur nongol.
(tembung andhahan nongol, linggane thongol).
·      Niyaga kuwi nuthuk gong.
(tembung andhahan nuthuk, linggane thuthuk).
vi.  Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa s, swara s banjur luluh dadi n.
(*Kata jadian yang berasal dari  : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali s, bunyi konsonan s kemudian luluh menjadi n [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Aja tumindak nasar !
(tembung andhahan nasar, linggane sasar).
·      Tawon nesep sarining kembang.
(tembung andhahan nesep, linggane sesep).
·      Banyak kuwi nosor dhedhak ing tlapak tanganku.
(tembung andhahan nosor, linggane sosor).
·      Bebasan kebo nusu gudel.
(tembung andhahan nusu, linggane susu).
·      Manuk dara nusuh ana ing pagupon.
(tembung andhahan nusuh, linggane susuh).
vii. Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa d, swara n banjur manunggal dadi satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali d, bunyi konsonan n kemudian menyatu menjadi satu kata dengan cara menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Sinau olah rasa ngadohake sipat ndableg.
(tembung andhahan ndableg, linggane dableg).
·      Sawise sinau bocah-bocah padha ndelok tv.
(tembung andhahan ndelok, linggane delok).
·      Saking gumune nganti ndomblong olehe nyawang.
(tembung andhahan ndomblong, linggane domblong).
·      Bagong kejlungup nganti ndower lambene.
(tembung andhahan ndower, linggane dower).
·      Isi critane film kuwi ndudut ati.
(tembung andhahan ndudut, linggane dudut).
viii.Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara n- + tembung lingga sing apurwa d, swara n banjur manunggal dadi satembung kanthi tumempel sangareping tembung linggane mau.
(*Kata jadian yang berasal dari : awalan berbunyi hidung n- + kata dasar yang diawali dh, bunyi konsonan n kemudian menyatu menjadi satu kata dengan cara menempel didepan kata dasarnya tersebut [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Tangane ndhaplang ngandheg lakuku.
(tembung andhahan ndhaplang, linggane dhaplang).
·      Ibu ndheplok kacang brol nganggo alu lumpang.
(tembung andhahan ndheplok, linggane dheplok).
·      Macan kuwi sawise mangan banjur ndhekem.
(tembung andhahan ndhekem, linggane dhekem).
·      Dhayohe ndhodhog lawang.
(tembung andhahan ndhodhog, linggane dhodhog).
·      Tukang batu kuwi ndudhuk lemah.
(tembung andhahan ndhudhuk, linggane dhudhuk).
ix.  Tembung andhahan kang dumadi saka : ater-ater hanuswara ng- + tembung lingga sing apurwa k, swara k banjur luluh dadi ng.
(*Kata jadian yang berasal dari  : awalan berbunyi hidung ng- + kata dasar yang diawali k, bunyi konsonan k kemudian luluh menjadi ng [*Bhs Ind]).
Tuladha :
·      Pitik babon bakal ngabruk yen kuthuke dicekel.
(tembung andhahan ngabruk, linggane kabruk).
·      Woh  jeruk ngandhut vitamin c.
(tembung andhahan ngandhut, linggane kandhut).
·      Ki Narto Sabdho uga sigrak anggone ngendhang.
(tembung andhahan ngendhang, linggane kendhang).
·      Cemeng-cemeng kae padha nginthil lakune kucing.
(tembung andhahan nginthil, linggane kinthil).
·      Bocah-bocah padha ngumpul ana ing alun-alun.
(tembung andhahan ngumpul, linggane kumpul).







UNGGAH-UNGGUH BASA

            Unggah-ungguh basa yaiku undha-usuking basa utawa trap-trapaning basa. Ing kasunyatan padinan, unggah-ungguh basa Jawa ana pirang-pirang perangan, nanging mligi kanggo wulangan bocah-bocah SD/ MI lan SMP/ MTs ing blog iki, kang kajumbuhake marang Paramasastra Jawa, kurikulum lan buku-buku pelajaran Basa Jawa kang kanggo ana ing sekolah-sekolah, cukup kawedharake unggah-ungguh Basa Jawa kang bakune ana 2 (rong) perangan, yaiku : basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kaperang dadi 2 (loro) yaiku : ngoko lugu lan ngoko alus. Basa krama uga ana 2 (loro) perangane yaiku basa krama lugu lan basa krama inggil. Murih cethane bisa kasemak ana ing andharan ngisor iki :
I.  Basa ngoko
Basa ngoko perangane ana 2 (loro) :
A. Basa ngoko lugu
 Basa ngoko lugu utawa kang uga sinebut basa ngoko lumrah, kerep diarani basa ngoko.
 B. Basa ngoko alus
II. Basa krama
 Basa krama ana 2 (loro) :
 A. Basa krama lugu
Basa krama lugu utawa kang uga sinebut basa krama lumrah, kerep diarani basa krama.
 B. Basa krama inggil.
Ana sebageyan para winasis kang milah basa krama uga dadi 2 (rong) perangan nanging beda panyebute, yaiku : basa krama lugu lan basa krama alus. Basa krama alus yaiku basa kang dumadi saka basa krama utawa krama lugu kang dikantheni (dicampur karo) tembung-tembung krama inggil amrih luwih ngurmati marang wong kang dijak guneman utawa wong kang dicritakake.

            Murih gamblange kababar ana ing ngisor iki :
I.    Basa Ngoko
A.  Basa ngoko lugu utawa basa ngoko lumrah kang kerep sinebut basa ngoko, yaiku guneman kanthi migunakake tembung-tembung ngoko. Basa ngoko digunakake menawa :
1. Sing guneman lan sing dijak guneman sadrajad tur raket-supeket (akrab) pasrawungane. Lumrahe digunakake dening bocah-bocah, kanca-kanca, utawa wong-wong kang saumuran (meh padha umure).
2. Sing guneman luwih dhuwur drajade, upamane luwih dhuwur pangkate, priyayi, utawa luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman.
3. Pinuju crita awujud andharan.
4. Pinuju ngunandika utawa ngudarasa, yaiku ngomong karo awake dhewe.
Tuladha ukara ngoko :
-    Anton lunga Jakarta.
-    Budi mangan bakso.
-    Wit iki gedhe banget.
-    Bocah kae nakal banget.
-    Kowe duwe dhuwit pira ?
-    Aku arep lunga Jakarta.
B.   Basa ngoko alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang dumadi saka basa ngoko kang dikantheni (dicampur karo) tembung-tembung krama inggil saperlu ngurmati marang wong kang dijak guneman utawa wong kang dicritakake. Basa ngoko alus digunakakae menawa :
a. Sing dijak guneman drajade luwih dhuwur, upamane pangkat utawa luwih tuwa nanging raket-supeket pasrawungane, saperlu luwih ngurmati.
b. Pinuju nyritakake wong kang drajade luwih dhuwur, upamane pangkat lan utawa luwih tuwa, saperlu ngurmati.
Tuladha guneman kanthi basa ngoko alus :
-   Kangmas mau awan gendikane arep tindak mrene, nanging penjenengan kok nembe rawuh saiki”.
-   “Mau awan aku diutus ibu supaya mundhutake obat menyang apotik kagem Bapak kang nembe gerah”.
      
II.  Basa Krama
A. Basa krama lugu utawa krama lumrah, kang uga kerep sinebut basa krama yaiku guneman kanthi migunakake tembung-tembung krama lugu. Basa krama lugu utawa basa krama digunakake menawa :
1. Sing guneman lan sing dijak guneman sadrajad nanging durung raket-supeket pasrawungane, bisa uga durung tau tepung utawa durung kenal, saperlu ngurmati marang wong sing dijak guneman.
2. Sing guneman luwih dhuwur drajade upamane priyayi utawa luwih dhuwur pangkate tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak guneman luwih pantes lan wajib dikurmati, upamane luwih tuwa utawa dituwakake.
3. Sing guneman luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak guneman luwih dhuwur drajade utawa pantes dikurmati, upamane luwih dhuwur pangkate, utawa priyayi.
4.  Pinuju ngandharake/ nyritakake wong kang rada dhuwur drajade utawa umure nanging kaceke ora adoh banget.
Tuladha ukara krama lugu / krama :
-    Wilujeng dhatengipun wonten ing kitha Semarang ngriki !
-    Mas Budi kesah Jakarta.
-    Kula badhe nedha rumiyin.
-    Mbak Ani tilem wonten ing griya
B.  Basa krama inggil yaiku guneman kanthi migunakake tembung-tembung krama inggil. Basa krama inggil digunakake menawa :
1. Sing guneman durung tau tepung utawa durung kenal karo sing dijak guneman. Lan sing dijak guneman mau katone luwih dhuwur drajade utawa luwih tuwa.
2. Sing dijak guneman cetha yen luwih dhuwur drajade upamane priyayi, dhuwur pangkate, utawa luwih tuwa kang pantes utawa wajib dikurmati.
3.  Pinuju ngandharake/ nyritakake wong kang luwih dhuwur drajade utawa umure.
Tuladha ukara krama inggil : 
-    Sugeng rawuhipun panjenengan wonten ing kitha Semarang ngriki !
-    Bapak tindak Jakarta.
-    Mangga menawi panjenengan badhe dhahar rumiyin !
-    Ibu sare wonten ing dalem



PIWULANG KANGGO KELAS VII (SMP/MTs) :


WACAN :
JUMEBLUGE GUNUNG KELUD

            Gunung Kelud njeblug kang pungkasan nalika tanggal 13 (telulas) sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas), kang nandhang kacintrakan (dadi kurban) udakara (kurang-luwih) ana 24 (patlikur) warga lan kira-kira cacah 100.248 (satus ewu rongatus patangpuluh wolu) warga kapeksa padha ngungsi.
            Nalika status (biwara pepeling) siaga ngancik dadi  awas, para warga wiwit diungsekake menyang desa kang adohe 5 (limang) km saka kawah. Lan nalikane kawah Gunung Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik, para warga banjur diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh) km saka kawah amarga miturut badan kang arane Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG) dohing 10 km mau aman saka lahar lan awu vulkanik kelud kang nalika muncrat dhuwure bisa nganti kurang-luwih 17 (pitulas) km.

I.   GLADHEN GUNEMAN MAWA BASA NGOKO
A. Budi pitakonan (tanya-jawab) karo Ani, kancane sakelas, bab jumebluge gunung Kelud mawa basa ngoko
1. Budi : “Gunung sing lagi njeblug kuwi jenenge apa ?”.
    Ani   : “Gunung sing lagi njeblug kuwi jenenge gunung Kelud”.
2. Budi : “Kapan olehe njeblug ?”.
    Ani   : “Nalika tanggal 13 (telulas) sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas)”.
3. Budi : “Sapa sing mrayogakake supaya padha ngungsi ana ing jarak 10 (sepuluh) km saka kawah ?
    Ani   : “Sing mrayogakake yaiku badan kang arane Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG)”.
4.   Budi : “Ana ngendi (ing endi) papan dununge gunung Kelud kuwi ?”.
      Ani   : “Ana ing tlatah Jawa Timur”.
5.   Budi : “Kepriye carane ngamanake para warga kang manggon ana ing desa sacedhake ereng-ereng gunung ?”
      Ani   : “Carane kanthi ngosongake desa. Para warga wiwit diungsekake menyang desa kang adohe limang km saka kawah gunung nalika status siaga ngancik dadi status awas. Lan nalikane kawah gunung Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik, para warga banjur diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh) km saka kawah gunung”.

II.  GLADHEN GUNEMAN MAWA BASA NGOKO LAN BASA KRAMA INGGIL
A. Budi pitakon marang Pak Guru mawa basa krama inggil, banjur Pak Guru mangsuli mawa basa ngoko :
1.  Budi         : “Redi ingkang nembe njeblug punika redi punapa ?”.
     Pak Guru :  “Gunung sing lagi njeblug kuwi gunung Kelud”.
2.  Budi         : “Rikala punapa anggenipun njeblug ?”.
     Pak Guru : “Nalika tanggal 13 (telulas) sasi Pebruari taun 2014 (rongewu patbelas)”.
3.  Budi         : “Sinten ingkang mrayogekaken supados sami ngungsi wonten ing katebihan 10 (sedasa) km saking kawah ?”.
     Pak Guru : “Sing mrayogakake yaiku badan kang arane Pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan     Bencana Geologi (PVMBG)”.
4.  Budi         : “Wonten ing pundi papan dunungipun redi Kelud punika ?”.
     Pak Guru : “Ana ing tlatah Jawa Timur”. 
5.  Budi         : “Kados pundi caranipun ngamanaken para warga ingkang manggen wonten ing desa sakcelakipun ereng-ereng redi ?
     Pak Guru :  “Carane kanthi ngosongake desa. Para warga wiwit diungsekake menyang desa kang adohe limang km saka kawah gunung nalika status siaga ngancik dadi status awas. Lan nalikane kawah gunung Kelud wiwit ngetokake lahar panas lan awu vulkanik, para warga banjur diungsekake menyang papan panggonan sing luwih adoh yaiku 10 (sepuluh) km saka kawah gunung”.